KUSUMA BANGSA KANG TANPA KARTIKA
Bebasan kaya wengi tanpa lintang rambu Peteng ndedhet gegrumutan Ora weruh kulon wetan Kaya ketiga ngerak kang luwih Lumaku adoh lirih anglentrih Gondhang salit tan panggih warih Nalikani isih bodho Plonga-plongo Menga-mengo Durung duwe kawruh Durung ngerti unggah-ungguh Durung antuk sesuluh Nanging, cahya sapelik metu Nadyan cilik ning kaya daru Adhem kaya tetese banyu Rasa manis kang pindha madu Wuse ketemu kang aran guru Pawongan kang tlaten pareng sesorah Tansah sabar anggula wentah Marang murid kang isih bocah Kanthi tulus ing penggalih Paring ugelmu tan pilih kasih Tanpa pamrih Ora ngajab den sembulih Kabeh mau kang dipurih Anak-murid mbesuk dadi wong linuwih Dadi manungsa panilih (EN)Biografi Penulis
[caption id="attachment_991" align="aligncenter" width="300"]
Karimatunnisak[/caption]
Karimatunnisak, seorang mahasiswi aktif program studi Tadris Bahasa Inggris semester tujuh IAIN Kediri. meski tengah sibuk dengan proposal skripsinya, gadis yang lahir pada bulan Maret ini masih meluangkan waktunya untuk menulis puisi berbahasa Jawa. Apabila ingin lebih dekat dengan penulis dapat menghubungi e-mail pribadinya karimatunnisak303@gmail.com




